Kamis, 01 Februari 2018

cerkak 2

Bu Rengganis
 

  
  

Bu Rengganis kalebu guru sing melek teknologi informasi. Hape ora tau uwal saka tangane. Pakulinan ‘dolanan’ hape mau kerep ngundang rerasanane kanca-kanca guru ing papanku nyambut gawe. Rerasanan lagi mandheg sawise Bu Rengganis mlebu ruwang guru. Sipate manungsa racake pancen ngono, wani silit wedi rai. Aku minangka guru anyar ing kene bisaku mung ngrungokake rasan-rasane kanca guru mau tanpa wani nyenthulani.

Ing facebook lan whats app Bu Rengganis uga asring nulis status. Ana wae kang dadi bahan tulisane, kalebu masang photo kegiyatan pelatihan, photo wancine mulang ing kelas lan dhokumentasi kegiyatan liyane. Aku sambung karo Bu Rengganis wis rong taun iki ana media sosial, pase wiwit aku pindhah mulang ing SMP Negeri 1 Sukasari. Kanggoku Bu Rengganis kang grapyak lan semanak marang sapa wae iki pantes diacungi jempol. Prestasine manjila, akeh pangaji-aji kang karengkuh, wiwit saka juwara guru idhola, guru berprestasi tingkat kabupaten nganti tingkat nasional.

Nanging ora kabeh kanca guru seneng klawan prestasine Bu Rengganis. Kaya ing awan iki, ana rerasan kang gawe abange kuping. Wose, wiwit awan kuwi ana peraturan anyar kanggo guru, yaiku wajib absen nganggo fingerprint, absen kanthi cara ndudulake driji penudinge ing piranti elektronik kanggo bukti kehadiran. Diwiwiti jam 06.30 nganti jam 14.00.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

kahidupan ing dunyo 6

  Senam Injing      Saben dinten minggu enjing, dhusun kula salajeng ngawontenaken senam enjing. awalipun namung senam...