JODHO
Jujur wae,
senajan wis pedhot watara limang taunan, nanging batinku ora bisa diapusi.
Angel
anggonku
arep nglalekake senajan wis keslimur maneka kegiyatan ing pasinaon lan sawise
lulus
kuliyah
terus nyambut gawe ngrumat pasien ing rumah sakit. Uga duwe samben nulis cerkak
lan
guritan
sing tak kirim menyang majalah basa Jawa, ngiras melu nguri-uri basa lan
susastra amrih
ora
kabuncang dening ombake globalisasi.
Triningsih jenenge kenya kembange
desa kuwi. Citrane tansah kumanthil ing atiku, luwih-luwih
yen pinuju
sepi ora ana kegiyatan. Gawang-gawang wewayangane tansah ngreridhu, lelewane
yen pinuju
aleman, lan dhekik pipine yen lagi mesem. Wis dadi rahasia umum yen
sesambunganku
karo Triningsih kayadene Kamajaya lan Dewi Ratih, ngalor ngidul tansah
rerenteng
reruntungan. Mbuh kuwi ing bangku pasinaon, ing kegiyatan olahraga utawa yen
pinuju
gladhen beksan ing padhepokane Resi Subroto.
Jane ora etungan cowok sing mambu
ati marang Triningsih, kayata Prapto lan Robertus kanca
sekelas,
nganti direwangi bengkerengan lan jothakan. Nanging lelorone mung dienjebi wae
dening
Triningsih, ora ana sing digape.
Beja kemayangan dene aku sing ora
mlebu nominasi ngesir dheweke bisa ketiban pulung. Bisa
cecaketan
lan kena diarani pacaran. Nanging ya kuwi, imbase kanca-kanca priya padha ora
Seneng
marang aku, temahan banjur nyatru lan mungsuhi. Kepara Robertus sing ngesir
setengah
mati lan
ditulak mentah-mentah dening Triningsih tau nantang ngajak gelut, nanging ora
takladeni.
“Mas Robert, ora apik yen perkara
bocah wadon direwangi tukaran. Karomaneh sambung
katresnan
kuwi sawijining pilihan antarane priya lan wanita lumantar keserasian jroning
ati,”
ucapku
nalika Robertus nyengkerem krah klambiku arep nempiling. Bubar kuwi Robertus
terus
mundur
teratur, ngerti yen Triningsih ora ngrespon marang dheweke.
Wusanane kanca-kanca sing maune
gething marang aku padha nyadhari keluputane lan ngajak
akur
maneh. Malah sawijining wektu rikala Triningsih ulang taun, kabeh kanca kanthi
aklamasi
ndheklarasekake
aweh sebutan anyar Mantri. Tembung mau digabung antarane jenengku lan
jenenge
Triningsih. Wiwit kuwi saben ketemu, mbuh ing endi wae, uger ketemu
kanca-kanca,
aku
diundang Mantri, dudu jenengku sing asli.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar