Rangkuman
cerkak “Dudu Donyaku“
Grimise isih riwis-riwis nalika pit motor tuwa dakgelak tumuju sawiji ning
resteron mewah kawentaran saperlu nekani uleman reuni saka kanca-kanca. Ing parkiran
restoran wes akeh mobil kinclong diparkir jejer-jejer kanthi temata. Semono uga
ing parkiran pit motor. Pit motorku paancen wis ketinggalan jaman, wong weton
taun 70-an. Atiku dadi cilik. Kanca-kancaku akeh sing wis dadi bos. Mobile modhel
anyar, uripe mapan. Dene aku mung bakul bakso bakar sing sarwa prasaja, adoh
saka tembung mewah. Kabeh nuli rembungan kangen-kangenan. Telung dina cadhake
wusasaneaku budhal menyang Jakarta saka Stasiun Purwosari. Pamujiku muga papeninganku
urip kepenak bisa kesambadan. Sepur Senja Bengawan mlaku banter ngarah ngulon,
ngoyak impen urip sarwa kepenak, keceh bandha, blabur madu.
Esuk dina candhake aku wis tekan Stasiun Pasar Senen. Senadyan lagi
sepiasan kuwi ngambah Jakarta, nanging ora angel nggolei omahe Parmun. Bengine dheweke
ngajak aku menyang sawijining wewangunan saemper hotel nanging dudu hotel. Wangunan
iki perusahaane Parmun. Saka mesin dhuwite iki Parmun bisa ngeruk bathi puluhan
yuta saben bengine. Para tamu lanang sing teka nuli diajak mlebu liwat lawang ciyut
sing dijaga satpam gedhe dhuwur.
Tibake dagangane Parmun welasan wanita ayu nganggo sandhangan seksi
mamerake lekak-lekuk ing awake. Kaos ngapret lan rok span cedhak. Ambegankuseseg.
Getihku kedadak mandheg ndelok dagangane Parmun. Nanging aku wis kebacut
kecemplung leledhut jejember iki. Mula, dina candhake aku pamitan mulih ndesa. Nanging
sejatine saka omahe Parmun aku ganti njujug omahe Gino. Gino duwe perusahaan
roti. Wekasane aku nyambutgawe ing bageyan pemasaran. Mlaku seminggu aku
rumangsa kresan. Nanging tibake Gino ora bedho karo Parmun. Lantaran rotine
Gino kuwi digawe soko bahan-bahan seng gak sehat lan buruk gawe kesehatan.
Wekasane dino cedhake aku pamit karo Gino, aku nuli numpak angkutan tamuju
omahe Marno sing duwe bisnis obat. Wiwit dino kuwi aku ngelakoni pegaweaan
anyar. Saka omahe Marno aku nggawa amplop sing nuli dakterrake marang
pelanggan. Nangin sawijining dina aku mangerteni barang amplop kuwi dudu obat
nanging narkoba jenis shabu-shabu. Mula tinimbang gluprut
dosa aku aga-age pamitan mulih. Kancaku pancen uripe mubra-mubru. Nanging ing
suwalike gebyaring kadonyan paugeran agama lan susila. Aku sadar, urip prasaja
kuwi ora dosa, kepara malah ceket marang Gusti Allah Swt.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar